jadikan dirimu sebagaI hiasan RoHani

Jang Geun Suk -(Love Rain OST Second Single)

Jang Keun Suk _ Let Me Cry

Hello hello_Jang Geun Suk

Doremifasolasido_Jang Geun Suk

Cerkak 5


Simpang Ajal

            Akhire wes bar tugas Montenero. Amargane, saiki deknen tinggal bunuh awakke dewe. Bunuh awakke dewe!! Kuwi tok. Piye orak! Deknen wes mbunuh 3 wong sekaligus. Ya, 3 wong. Santa, wong sing serta merta menggal sirahe bapakke pas bapakke nolak nandatangani selembar kertas sing isine surat perjanjian nggo teriat karo sebuah partai. Lantas Denta, sing pas pembunuhan kuwi terjadi usaha mbungkam mulut bapakke men rak njerit, sarta Martineau sing ngikatke tali neng awakke bapakke men bapakke orak gerak sithik pun njelang kematiane. Amarga kuwi, saiki Montenero dewe tinggal bunuh awakke dewe!
“Sugeng ndalu, Montenero. Apikke kowe ngubur sek ke telu mayit kuwi apik-apik! Sakbare kuwi, terserah!” Ujare Montenero saka atine, meronta.
“ Ya, kubur sek! Lantas, slamat tinggal!” sisi kediriane Montenero saka batin laine sing nimpali.
            Sesungguhe Montenero memang ora perlu njumput beragam kebijaksanaane nggo cepet ngubur mayit-mayit kuwi. Toh memang, tugas pembantaiane wes bar. Lan karo dewene, dendam sing bersemayam saka atine lunas terbalaske.
“Nanging, semestine kowe nduwe cukup rasa kemanusiaan nggo ngejarke mayit-mayit kuwi nggletak ngono wae amarga mbok pateni! Sakke awake nggletak! Sanajane yen karo cepet kabeh dadi panganan singgat-singgat nggiriske neng njero tanah. Orak dadi pakanan empuk bagi lalat-lalat ijo!” Belati, sing wes nikam dadane Santa, Denta, lan Martineau masing-masing akehe 6 kali, sing koyoke ngertinan berontak batine Montenero, melu angkat ngomong.
            Montenero nghela nafas. Nggeliat. “ Ah bener. Wes semestine. Saiki, kowe kudu iso mbebaske pikiranmu saka angan-angan tentang balas dendam. Inget, ketelu mayit kuwi wes dadi seonggok daging sing rak penting. Kudu dikubur! Kowe kudu ngubah pola pikir sing begitu konyol kuwi, Montenero,” cecar sebilah pedang, sing rencanane deknen gunake kanggo mbunuh, nanging Santa, Denta, lan Martineau cukup milih mati cuman karo sebilah belati.
            “Oh yo, yo. Aku kelingan meneh saiki. Kowe kudu nyiapke akeh kewaninan men kowe dadi orak gagu saka sikapmu. Ojo koyok pas kowe arep mbunuh! Kowe nusukke awakku neng dada ke telu mayat kuwi karo gemeter. Saiki, nggo nguburke ketelu mayat kuwi, rak perlu ono denyut ragu sing berujung gemeter awak, desah nafas mburu, suara terengah-engah lan keringet atis sing mentu berleleran. Kabeh kuwi kudu diubah. Karo segera!”
            Montenero nglirik jam tangan. Kurang 30 menit kokok ayam bakalane ngletup kejut. Deknen nghapus keringet atise alon-alon nanging pasti mulai mbanjiri rahi lan tangane. “Cepet lakoke! Kewaninan wes teko karo dewene. Lakoke!” angin isuk ndesir. Jam tangan terus ndetak. Montenero pucet. Lunglai. Opo sing dikatake karo belati lan pedang kuwi ono benere. Ra ono kebijkasanaan laine njelang isuk kuwi kecuali penguburan. Tentu wae, penguburan karo segala kelayakane. Ono dupa, kembang, kain pembungkus mayit lan mesti kewaninan. Nggo sing terakhir, soal kewaninan kuwi memang wes sithik dimiliki Montenero. Nanging, nggo dupa, kembang lan karo sowekan kain pembungkus mayit? Utawa, pikiran tentang sesowek kain pembungkus mayit sungguh rak perlu meneh?
“Ah, begitu akehe pertimbangane! Jipuk o cangkul! Gali tanahe sing cukup nggo ngubur ketelu mayit kuwi sekaligus. Cepet! Tunggu opo meneh, ha! Ayo, kekek kelayakan nggo kematiane Santa, Denta lan Montenero! Wektu tinggal sedilit! Ijek ono tugas-tugas liyo sing kudu kowe panggul nggo nyipta sejarah. Sejarah, Montenero! Ojo maen-maen! Cepet! Ayo, to. Cepet!”

            Montenero meneng. Terpaku. Deknen sakjane memang rak perlu nimbangke opo-opo meneh kecuali segera ngubur ketelu mayit kuwi serapi mungkin, men isukke ora sio-sio amarga  dikorek-korek anjing. Lantas, bar! Sejarah anyar tergores. Bapake sing mati ngenaske karo sirahe terpenggal saka awakke, terbalaske. Meskipun kematiane Santa, Denta lan Martineau orak sempurna koyok kematiane bapakke, nanging seorakke mati. Kuwi wae. Amarga hanya sisa kewaninan kuwi sing dimiliki. Kebetulan memang yo mati, rag? Bubar cerita ibukke sing slalu mbekas saka ingetane lan nggawe slalu berfikir lan nyikapi mirip wong sableng.
            Montenero mutuske njipuk cangkul. Belati lan pedang tawa. Nggawe Montenero mbalik gundah. Ono neng sangkar kebingungan. Keringet berleleran meneh saka sekujur awakke. Tangane mbalik gemeter. Karo teriak banter mungkin, Montenero mbanting cangkul sing wes nggegam tangane kenceng. Berarti kewaninane sitik ilang, rag? Bahkan barangkaline ilang kabeh? Belati lan pedang kebingungan. Lorone pucet pasi. Motivasi opo sing mesti disuntikke nggo mbangkitke kesadaran kewaninan Montenero njelang matahari terbit?
            “Aku rak iso meneh nglakoke opo-opo. Aku wes nuntaske tugasku. Aku tlah nyipta...Uh.. semestine kowe orak ngimpit aku karo hal-hal sing cilik sing justru bakalan njebak aku karo rasa salah macam iki!” karo suara  akeh gemetar, seolah nyekam kewedenan entah nopo, Montenero angkat ngomong.
“ O.. kowe nganggap iki hal cilik, Montenero? Haruse aku mau nolak nggo kowe nggunake mbunuh yen kowe nganggep penguburan kuwi hal sing cilik, remeh. O.. aku iso wae mogok nggo mbunuh yen akhire kowe malah bimbang karo sikap semacam iki! Kowe reti, Montenero. Aku iso mbalik ngubah kewaninanmu nggo mbunuh. Aku iso hujuk-hujuk nikam dadamu dewe neng ngarepe Sinta, Denta lan Martineau. Bangsat! Asu, kowe!!”
            Montenero terpaku. Suasana neng sekitar tempat pembantaian kuwi ngrayap senyap. Montenero berulang kali blingsatan. Montenero terusan ngusap keringet sing leleran mbasahi sekujur wajahe. Lan detik terus wae ndetak. Deknen nggaruk-nggaruk sirahe karo mlaku mondar-mandir. Belati lan pedang cuman iso mandangi wae. Iso dadi, belati lan pedang memang wis ngentekke kata-kata nggo motivasi Montenero. Didelokke mayit Santa sing terbujur kaku, Denta sing terkapar nglingkar koyok ula lan Martineau sing yen diperhatike secara cetha ternyata malah guyu neng puncak nyeri kematiane.
            “Piye, Montenero? Piye? Aku isih sanggup gawe kewaninan  nggo kowe. Durung terlambat, lan rak pernah terlambat. Aku jek bersabar bareng pedang.”
“Piye?” Montenero ngusik takon karo  awakke dewe.
“Terserah!”
“ Piye, belati?”
“Terserah! Piye karo kowe, Montenero? Isih sanggup kowe krungu omonganku? Ok. Kowe isih bisa kerja karo cepet nanem ketelu mayit kuwi apik-apik. Jipuk o cangkul kuwi. Kedukno tanahe. Kuburke kabeh senyaman mungkin. Ah, wulan sing arep bakalan angslup kuwi mesti ngrestui lan mandangimu karo roso puas. Barangkali, deknen bakalan ngek i ucapan selamat karo kowe. Ngopo kowe mesti njebak rasa ragu? Ayo, aku senantiasa ono ning mburimu!”
            Aih, ayam wes berkokok sahutan. Meski ayam je berkokok, keadaane neng sekitar panggonan tempat pembantaian kuwi wes cerah. Udara ngruapke kesegeran. Montenero terlambat. Deknen durung nggawe perhitungan-perhitungan nggo lunga ngongkon belati mau nikamke awak neng dadane Montenero sing saiki wes disesaki gebalau bingung, ketololan, amuk lan opo meneh, sing entah diduduhke nggo sopo wae. Montenero bener-bener lunglai, lenyap kewaninane, nyipta goresan sejarah sing hagek anyar opo orak.  

Cerkak 4


2 Ati
            Aku reti, njero perjalanan cinta, kadang bahagia lan sedhih silih genti ngancani. Bak kanvas, kabeh coretan yaiku bagian seko lukisan abstrak tentang jalane urip. Perjalanan cintaku karo seekor makhluk Pithecanthropus sing tibo-tibo  sosokke teko ngiasi dinoku...oh.. apike... Ngantek akhire, aku ono ing siyang penghujung pertengahan taun. Aku terlibat karo guneman tentang rindu duo ati karo makhluk tersebut.
“Neng, Aa’ pengen kawin wulan ngarep!” gunem Aa’ tenanan
“Hah? Wulan ngarep? Aduh ojo wulan ngarep toh Aa’” aku njawab karo nada abot
“ Ngene Neng,...” Aa’ nyoba njelaske
“ Neng durung siap, Neng isih kudhu sekolah ndhisik, Neng kudu pinter ndhisik” aku motong guneman, aku wedi Aa’ semakin ndesak aku kanggo minang aku.
“ Nanging Neng....”
“Eneng reti, Aa’ apikan karo aku, terlalu apikan malahan, Eneng sayang karo Aa’, tapi nak nikah wulan ngarep, Eneng mah rak siap.” Aku njelaske ngantek dowo.
“ Neng, tolong rungokke Aa’ ndhisik atuh..”
“Tunggu Neng 5 tahun meneh yo Aa’..... Neng janji, neng rak bakalan nolak di ajak nikah karo Aa’, jawabku karo mohon.
“ Neng, Aa’ geleme nikah wulan ngarep. Tapi orak karo Neng..”
Yo..yo..yo.. berarti aku rag kudu nikah wulan ngarep toh. Aku iso sekolah ngantek tamat, aku iso kuliyah ndhisik, utawa mungkin aku meh kerjo sek, nggolek duwit dewe sek.
Aku bahagia, aku njoget geal-geol rak karuan. Nanging aku hage nyadar..
Orak karo aku? Terus karo sopo?
“Maafin Aa’ ya Neng, Aa’ wes ngecewake arepane Neng. Nanging Aa’ bakalan ngangenin Neng selamane.”
            Air mataku tibo-tibo ngalir deres tanpo sanggup aku tahan meneh. Perih, loro, pedih. Aku pengen mlayu, pengen dewean lan nyoba protes karo-Nya. Ngapa tibo-tibo urip iki dadi rak adil kanggo ku??
            Lan aku dadi rak peduli pas aku kudu muter lagu Sheila on 7 “Gampang wae” Ewonan kali utawa lagune Rossa “Tega” jutaan kali karo ngurung diri dino-dino ing kamar, nangis ngantek loro biji mataku segeden kodok.
            9 wulan wes berlalu sejak kejadian kuwi... Tiba-tiba wingi bengi, aku entuk pesen saka inbox-ku:
“Neng, opo kabare? Ana salam manis saka Aa’ Junior ki. Deknen keren lan kasep kaya Pakne..”
            Pesan kuwi nggawe aku ambigu, tenggorokanku serasa kering rag mampu nelen mirip keselek biji kedondong. Entah opo sing kudu tak lakoke? Sedih utawa turut bahagia??
Loro suwi kuwi mbalik meneh..

Cerkak 3


Kuwi Ayu
            Mungkin, salah yen aku nganggep iso dolan neng omah konco suwiku, Diva. Lan ngobrol cah loro karo deknen koyok ndhisik. Diva sing pernah tak kenal saiki wes tumbuh dadi gadis remaja sing... yah, iso diomongi ayu lan pinter bergaul. Hai... Va, ijek ileng rag mbek aku? Sopoku pas mlebu neng kamar kos Diva. Anyar-anyar iki, deknen mutuske arep kos merga omahe adoh saka sekolah. Eh, kowe Res, jawabe Diva. Ngopo rene? Meh dolan mbek kowe, Va, gunem ku. Kowe isih koyok Resti sing ndhisik ya, terange Diva karo nyisir rambut ikale.
Terus terang, aku rak ngerti apa maksude Diva. Aku mikir, aku wes berubah luwih dhuwur lan bobot awakku mundhak. Tapi, aku terus mikir apa sing rak pernah berubah seko sing diomongke Diva bar an.
Mesti kowe bingung. Langsung wae ya.. tak kei saran nak saka ndhisik ngantek saiki ki wajahmu tetep kolot banget karo kacamata kuwi, terange Diva blak-blak an.
Dag..dig..dug..duar rasane sirahku meh pecah.  Aku bener-bener ora nyangka konco cilikku iso ngomong ngono. Sakit ati? Mesti. Aku jengkel banget lan langsung balek karo nggebrak pintu kamar Diva kenceng kenceng. Rak nyongko Diva cuman meneng lan ora minta maaf mbek aku. Berarti Diva tenanan karo perkataane?? Takonku saka ati. Ampe omah aku ngaca sedino. Dino kuwi aku langsung mix lan match dandanan lan penampilanku. Mulai saka potong rambut, ngrawat kuku, luluran lan ngrubah potongan seragam sekolahku ben tampil gaul lan iso ngalahke Diva. Untunge iki dino Minggu, dadi aku nduwe akeh wektu nggo nglakoke kabeh kuwi.
Sesok isukke, koyok biasane aku benci dino Senin. Upacara bendera yaiku hal sing paling nyebalke seko seminggu, tapi aku kudu tetep melu. Sakbare, salah seorang guru olahraga manggil aku neng kantor guru.
Koyok biasane wes tak tebak, aku diseneni entek-entek an karo alasan rok ku terlalu pendek lan sepatu sing tak nggo ora ngikuti aturan ning sekolah. Meski kau diseneni, aku rak minat ngubah dandananku koyok semula. Dino pertamaku karo dandanan anyar memang ora begitu nyenengke soale Ibu yo nyeneni aku lan kabeh wong koncoku neng kelasku ngenyek, tapi aku berusaha nipis gunemane wong-wong iku saka benakku. Dino-dino berikute, usahaku mulai mbuahke hasil. Akeh cowok neng sekolah mulai nyedakki aku lan sing gawe aku luwih seneng, salah satu seko mereka (Revo) nyatake rasa sukane karo aku lan akhire dewe pacaran meski sebenere Ibu lan Bapakku nglarang amarga umurku jek 16 taun.
Sejak pas kuwi, uripku tenanan bener-benet berubah, bahkan menurutku luwih apik dibandingke Diva. Dino-dinoku kebak karo cinta, pacaran lan tanpa sadar aku mulai nglupakke urusan sinau lan karo kewajibanku karo Tuhan. Angger balek sekolah, aku arep selalu nyempetke awak nggo dolan neng omahe Revo lan pas neng kono aku slalu ngacuhke ponselku sing berulang kali ndering. Hingga suatu dino, aku bener-bener sedhih lan kecewa pas aku putus karo Revo. Bar kuwi aku balek neng omah, nanging Ibu lan Bapak ora ono neng omah koyok biasane padahal jam wes nunjukke pukul 19.00. Tibo-tibo ponselku ndering..
Halo, jawabku.
Halo, Res saiki Bapakmu ono ing RSUD A. Yani karna Ibumu tibo-tibo pingsan, kowe neng ndi saiki? Takon Bapak terbata-bata.
Mama....?? tanpa ganti pakaian aku langsung lunga neng omah sakit tempat Ibuku dirawat. Aku jek kelingan nak mau isuk Ibu nyuruh aku tuku obat sakit sirah sakbare balek sekolah, tapi aku lali lan justru dolan neng omahe Revo. Saiki..., aku ngrasa tenanan isin karo awakku dewe. Cuman karna pengen dadi ayu, aku nglalike urusan sinau, lali Tuhan, lali wong tuaku lan tiap dino cuman mikirke cinta, sarta ketenaran tiada batase. Meh dadi opo aku karo kabeh hal memuakke iki? Akhire mulai saat iki, aku mutuske njalani urip iki sak wajare. Ngikuti kata atiku dhewe, dadi Resti sing ndhisik. Lan siji meneh, aku hagek reti nak ayu kuwi .............. Bukan segalane lan ora selalu iso didelok saka fisikke wae.

Cerkak 2


Cangkir nan Ayu
Sawijine kakek lan nenek lunga menyang belanja ing toko souvenir kanggo nggolek hadiah kanggo cucune. Terus, kacane nuju karo sebuah cangkir sing ayu. “Ndeloken cangkir kuwi,” guneme nenek karo bojone. Pas nenek lan kakekke nyedaki cangkir kuwi, tibo-tibo cangkir sing dimaksud kuwi guneman, “ Matur Nuwun kangge perhatiane, perlu dipangerteni nak aku iki ndisik ora ayu. Sedurunge dadi cangkir sing dikagumi, aku ki cuman seonggok tanah liat kang ora berguna. Nanging pas kuwi ono pengrajin sing tangane kotor nglempar aku neng roda kang muter.
            Bar kuwi, deknen mulai muter-muter aku kanthi aku ngrasa ngelu. Mandeg, mandeg, aku gembar-gembor, nanging wong kuwi gunem”Durung” barno deknen mulai nyodok lan ninju aku berulang-ulang. Mandeg, mandeg aku gembor meneh. Nanging wong iki ijek wae ninju aku, tanpa ngirauke jeritanku. Bahkan luwih buruk meneh, deknen nglebokke aku neng njero perapian. Panas panas, jerit ku banter. Mandeg! Cukup, jeritku meneh. Nanging wong iki gunem “Durung”. Akhire deknen ngangkat aku seko perapian kuwi lan mbiarke aku nganteg katisen. Aku mikir, barno penderitaanku. Oh, nyatane durung. Sakbare katisen, aku dikei karo wedok enom lan deknen mulai warnai aku. Asape maraki mual. Mandeg! Mandeg! Aku njerit. Wedokan kuwi gunem”Durung”. Lalu deknen ngek ke aku neng cah lanang lan deknen nglebokke aku meneh neng perapian sing luwih panas seko sak durunge. Tulung, mandeg ke penyiksaan iki, karo nangis aku njerit sekuate. Nanging wong iki rag peduli karo jeritanku. Deknen terus mbakar aku. Sakwise puas “nyiksa aku” saiki aku dijarke katisen.
            Sakwise tenanan atis, cah wedok ayu ngangkat aku lan nempatke aku cedak koco. Aku ndelok awakku dewe. Aku kaget banget. Aku hampir rag percoyo, nak neng ngarepku kuwi ngadeg cangkir sing ayu banget. Kabeh loro lan penderitaan ku sing mau dadi sirna sakwise aku ndelok awakku dewe